- Mangsuli pitakonan saka sajroning artikel
 - Tembung Panggandeng kang nyatakake katrangan wektu, pangangen-angen, kosok balen (lawan kata), panyetha (penjelas)
 - Perangane Ukara ; ukara crita, ukara pakon (perintah), ukara pitakon (tanya), panjaluk (permintaan), lsp
 - Jinis-jinis wayang
 - Crita Wayang "Kepahlawanan" versi Ramayana
 - Nyebutne Tokoh-Tokoh Wayang ing Crita "Kepahlawanan" versi Ramayana
 - Ciri-ciri drama
 - Unsur-unsur drama
 - Paraga drama
 - Budi Pekerti (Unggah-Ungguhing Basa)
 - Krama alus, krama lugu, ngoko alus, ngoko lugu
 - Ngowahi aksara latin dadi aksara Jawa (aksara wutuh lan pasangan)
 - Njangkepi ukara mawa aksara Jawa
 - Nyritakake gambar crita wayang ngenani "Kepahlawanan" versi Ramayana
 
Wednesday, December 3, 2014
Thursday, October 9, 2014
Monday, October 6, 2014
Kisi-Kisi UTS1 1415 Basa Jawa
Kisi-Kisi UTS Gasal Bahasa Jawa 1415 :
- Pangertene Artikel
 - Jinis-jinis artikel
 - Pangertene Wara-wara
 - Jinis-jinis wara-wara
 - Dasanamane tembung (sinonim kata)
 - Ngudhal struktur artikel (identifikasi artikel)
 - Nyebut surasane (isi) paragraf
 - Tuladha basa krama marang wong tuwa (Bapak/Ibu)
 - Tuladha basa krama marang wong enom tapi umure luwih tuwa (Kang Mas/Mbak Yu)
 - Nemtokake isine artikel (wacan)
 - Njamkepi ukara (kalimat) ing sawijining artikelgisi ceceg-ceceg ing
 - Ngowahi basa ing sawijining pawarta ing TV “Pojok Kampung” miturut tata basa Jawa kang bener.
 - Carane tetepungan karo kanca miturut unggah-ungguhing basa kang bener
 - Diaturake gambar “Tokoh Surabaya” supaya digawe artikel miturut pangertene para siswa.
 
Monday, September 8, 2014
Artikel Basa Jawa
A. Pangerten
Artikel
Artikel yaiku karangan nyata sing jangkep kanthi dawa tinamtu sing digawé kanggo disebaraké lumantar ariwarti (koran), kalawarti (majalah), buletin, lan sapanunggalane. Panulisan artikel ndarbèni ancas kanggo ngandharaké gagasan lan fakta sing bisa ngyakinaké, nggulawentah, lan nyenengake sing maca. Panulis Artikel yaiku pawongan kang nindakaké pakaryan ngarang sawijining tulisan, nggabungaké sawetara tembung dadi ukara kang wigati lan kepénak diwaca, saéngga nggawé wong kang maca ngrasakaké lan mangertèni apa kang sadurungé durung dimangertèni.
Panulis Artikel manéka werna kriteriané, yaiku :
- Panulis Artikel Buku
 - Panulis Artikel pawarta
 - Panulis Artikel Marketing
 - Panulis Artikel Online
 - Panulis Artikel Narasi
 - Panulis Artikel Naskah
 
B.  Jinis-jinise Artikel
:
1)   
Artikel
eksploratif, artikel kang nuduhaké fakta miturut kajian panulisané.
2) Artikel
eksplanatif, artikel kang isiné katrangan babagan sawijiné perkara kanggo
dimangertèni sing maca.
3)  Artikel
dhèskriptif, artikel kang nggambaraké babagan sawijiné pokok perkara kang
kadadéyan ing masyarakat. Saéngga wong kang maca kaya weruh, ngrungokaké, lan
ngrasakaké babagan kang ditulis.
4)  Artikel
prèdhiktif, artikel kang isiné pètungan utawa ramalan babagan apa kang bakal
kadadèn miturut pètungan panulis.
5)   Artikel preskriptif,
artikel jinis iki mènèhi tuntunan marang pamaos supaya ora klèntu utawa kliru.
6)   
Artikel
naratif, kang kanthi prasaja naratif
bisa diarani
crita. Ing artikel narasi ana prastawa utawa kadadéyan ing sawijining wektu. Ing
kadadéyan iku ana uga tokoh kang lagi ngadhepi masalah.
7)   Artikel
eksposisi, artikel kang isiné panjlèntrèhan babagan sawijining topik kanthi
ancas mènèhi tambahan èlmu kanggo wong kang maca.
8)  Artikel
argumentasi, artikel kang nduwe ancas kanggo mbuktekake kabeneran sawijining
panyaruwe utawa dhudhutan utawa alesan utawa bukti. Ing artikel argumentasi
iki, pengarang ngarepake mbenerake panyaruwene saka wong kang maca.
9)  Artikel
persuasi, artikel kang ancase kanggo mrabawani wong kang maca kanggo
nindakake sawijining pakaryan
Rupa-Rupa
Artikel :
1.   Artikel praktis 
2.   Artikel entheng 
      Artikel entheng biyasane ngrembug masalah-masalah sing
entheng ora mbutuhake pamahaman jero. Artikel mangkene ana ing jero
rubrik-rubrik kalawarti remaja utawa ariwarti. Artikel entheng biyasa arupa wara-wara
utawa lelipur. Macane uga ora mbutuhake gatekan lan konsentrasi kebak. Jenis
artikel iki biyasane ana neng panggon umum kaya rumah sakit utawa stasiun
3.   Artikel Opini 
Ana ing satemene, kabeh artikel iku
opini, ananging artikel sing siji iki dipanggonke ana ing jerone ariwarti utawa
kalawarti dipanggonake khusus opini kayata; karikatur, pojok, kolom, lan layang
pamaca. Artikel opini biyasane ngoceki kanthi tuntas ngenani- masalah kanthi cara
akademis. Mula saka iku, panulise kudu wong-wong sing bener-bener ahli ana ing
bidhange. Conto artikel Opini yaiku guru ing jero pamulangan.
C.  Guna nulis Artikel 
nulis Artikel
tentu ora ucul saka guna nulise, apa wae guna nulis artikel ? guna nulis
artikel yaiku dadi iki : 
1. nyaka
pangakon profesional saka kalangan profesinya. 
2. njero
panguwasan bidang elmu. 
3.
Memperlancar undhak-undhakan karir akademik utawa kalungguhanfungsionalnya. 
4.
Berpartisipasi jero penyebaran lan pengembangan elmu. 
Karakteristik Artikel 
manut AS Haris
Sumadiria (2009:4) artikel nduweni pitu karakteristik: 
1.   
tinulis karo dhuwur jeneng (by line story); 
2.   
ngandung gagasan aktual lan utawa kontroversial; 
3.   
gagasan sing diangkat kudu ngusung kepentingan sakanggonan paling gedhe
khalayak pamaca; 
4.   
tinulis sacara referensial karo visi intelektual; 
5.   
dicawiske jero basa sing urip, segar, populer, komunikatif; 
6.   
singkat lan tuntas; lan 
7.   
orisinal. 
Tuladha !
                                 
KENDHUREN, APA WIS AREP ILANG?  
                                                
Dening Arief Mulyana.   
           Saperangan  ahli 
mastani,  agamane  wong 
Jawa  sing  temenan 
iku  sejatine  aran  Kendhuren.  Kendhuren, 
ora  beda  pokoking 
ngibadah.  Awit  kanggone 
wong  Jawa,  kabeh 
perkara kang ana gandheng cenenge karo lakuning urip, wiwit ceprot
jabang bayi nganti  tekan  matine, 
kalebu  prstawa  liyane, 
kayata  nggawe  omah, 
lulus  sekolah,  ketampa 
nyambut  gawe,  kudu 
diKendhureni.  Upacara  Kendhuren 
mono  ancase  kanggo 
nggayuh  kaslamatan. Muga Kendhuren
uga kasebut slametan. Wong kang wus ngleksanani upacara  wujud  Kendhuren  mau, 
adate  banjur  rada 
ayem  lan  tentrem 
atine.  Pancen  kabeh 
mau  gumantung kepercayaan
pribadine dhewe-dhewe.   
            Miturut  Herusatoto 
(  1991),  Kendhuren 
iku  kalebu  perangan 
tindakan  simbolis  tumrape wong Jawa kanggo memuji lan  nggayuh kaslametan. Apa kang dadi
tatacara,  ubarampe  lan 
lakuning  upacara  Kendhuren 
sejatine  mung  medhia 
simbolis  kanggo  nglairake pepinginan utawa panyuwunan marang
Dzat Kang Luwih  Kuwasa. Dadi, yen  ditelusuri 
tenan,  Kendhuren  iku 
kalebu  wujuding  ibadah 
tumraping  wong  Jawa 
kang  ngleksanani upacara mau,
dadi kaya dene donga.   
           Sejatine kapan Kendhuren wiwit
ditindakake dening wong Jawa? Tekan saiki ora ana  wong kang ngerti kanthi premati. Sing cetha,
tradisi mau tinggalane para leluhur wiwit 
kuna-makuna. Nalika para ahli nyiarake agama Islam ing tanah Jawa (abad
14-15), wujud  lan mantrane Kendhuren
diowahi, diganti lan dicedhakake marang cara Islam. Mula sing  kaleksanan saiki, kabeh dongane adate nganggo
donga-donga Islam saka Qur’an utawa 
Hadist. Dadi Kendhuren saiki mono
sejatine wis ora muni kaya jaman semana wis owah.  
Apa maneh jamane wis modheren kaya saiki.  
(
Kapethik saka Kalawarti Sempulur No. 2 Edisi September 2002)  
Sumber :
- http://jv.wikipedia.org/wiki/Artikel, diakses tanggal 8 Agustus 2014
 - http://kroyolor.blogspot.com/2011/09/setunggaling-tuladha-wara-wara-wara.html, diakses tanggal 8 Agustus 2014
 - http://iptekbahari.blogspot.com/2014/02/pengertian-manfaat-karakteristik-dan.html, diakses tanggal 13 Agustus 2014
 - http://caramenulisbuku.com/cara-menulis-artikel/cara-menulis-artikel-yang-baik.html, diakses tanggal 13 Agustus 2014
 
Sunday, September 7, 2014
UH1 Bahasa Jawa 1415 SM1
Monday, August 11, 2014
Silabus Basa Jawa X
Silabus Bahasa Jawa Kelas X SMA  Kurikulum 2013 (Jawa Timur) bisa diunduh SILABUS BAHASA JAWA X
Monday, August 4, 2014
Silabus Seni Budaya X
Untuk rekan-rekan guru atau anak-anak SMA kelas X yang melaksanakan Kurikulum 2013 bisa mengunduh Silabus Seni Budaya X Kurikulum 2013. Semoga bermanfaat.
Monday, May 19, 2014
Latihan Soal UAS Genap X
Untuk siswa-siswi berikut saya sampaikan kumpulan latihan soal-soal Seni Budaya Kelas X sebagai latihan soal Ulangan Akhir Semester Genap Mata Pelajaran Seni Budaya Kelas X. Bisa dilihat di Latihan Soal UAS Genap Seni Budaya X Sem 2Language
Video Pembelajaran
UNSUR-UNSUR SENI RUPA
PRINSIP-PRINSIP DESAIN SENI RUPA
MENGGAMBAR PROYEKSI
MENGGAMBAR PERSPEKTIF DASAR
MENGGAMBAR PERSPEKTIF DENGAN TITIK UKUR
MENGGAMBAR ILUSTRASI
Popular Posts
- 
A. Pangerten Artikel Artikel yaiku karangan nyata sing jangkep kanthi dawa tinamtu sing digawé kanggo disebaraké lumantar ariwart...
 - 
Kanggo siswa-siswi kelas X-4 s.d. X-10 Tahun Ajar 2014-2015, ing kalodhangan iki bisa kaaturake asile gladhen (ulangan) minggu wingi. Mangg...
 - 
Pengertian wara-wara Wara-wara iku pocapan utawa tulisan sing isi pepènget utawa awèh weruh arupa pangumuman marang wong akèh. Wara-war...
 - 
Silabus Bahasa Jawa Kelas X SMA Kurikulum 2013 (Jawa Timur) bisa diunduh SILABUS BAHASA JAWA X
 - 
SHB1 KELAS XII Perbedaan menggambar perspektif dan menggambar proyeksi Ciri-ciri menggambar perspektif Membandingkan perspektif areal dengan...
 
Copyright © 
Belajar Seni-TIK-Bahasa Jawa | Powered by Blogger
Design by Flythemes | Blogger Theme by NewBloggerThemes.com | Free Blogger Templates





